Pidato Bahasa Jawa Singkat : Tuladha Pangandika Pasrah Penganten Kakung

  • Mar 10, 2018
  • sendang-wonogiri

Sendang-wonogiri.desa.id, SENDANG │Bagi yang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa saat acara pernikahan, tulisan dengan judul Tuladha Pangandika Pasrah Penganten Kakung ini bisa dijadikan rujukan…

Pidato Jawa Pidato Jawa dalam acara Pasrah Tinampi Pengantin Jawa (sendang-wonogiri.desa.id/foto : dar)[/caption]

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas* ... (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa ... (ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) ingkang pidalem ing ... (dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).

Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.

Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa ... (nama ingkang hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.

Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas ... (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung), saprelu netepi pasarujukaning pirembagan ing wekdal kawuri, bilih ing dinten winaton, inggih ing dinten punika, pinanganten kakung, Anakmas ... (nama panganten kakung) badhe kapanggihaken miturut adat-widhi-widana ingkang sampun lumampah ing ngriki kaliyan Nimas Rara ... (nama panganten putri), putra putrinipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan. Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop* tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaning panggalih, sarta sageda nambahi raketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan.

Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung, tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-tama punika. Amiin.

Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun. Awit saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging pangaksama.

Wabillaahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

[caption id="attachment_1279" align="aligncenter" width="300"]Pidato Jawa

Acara Pasrah Tinampi Pengantin Jawa (foto : sendang-wonogiri.desa.id)

[/caption]

Itulah tulisan dengan judul Tuladha Pangandika Pasrah Penganten Kakung yang menggunakan bahasa jawa krama yang dipakai untuk acara pernikahan. (Artikel Warga-S.Anto)