Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Sambutan Penerimaan Pengantin Laki-laki

  • Mar 22, 2018
  • sendang-wonogiri

Sendang-wonogiri.desa.id, SENDANG │Bagi yang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa saat acara pernikahan, terutama saat wakil dari tuan rumah menerima penyerahan pengantin laki-laki dari utusan calon besan, maka tulisan dengan judul Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Penerimaan Pengantin Laki-laki ini bisa dijadikan rujukan…

[caption id="attachment_1413" align="aligncenter" width="300"]Bahasa Jawa

Pidato bahasa jawa dalam penerimaan pengantin laki-laki (foto sendang-wonogiri.desa.id)

[/caption]

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapa/Rakamas/Adhimas* ... (nama paraga pasrah) ingkang satuhu lebda ing karya miwah satuhu pantes ingurmatan. Tetela sampun trawaca anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, Bagus ... (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa ... (nama tiyang-sepuhipun panganten kakung) sakalihan, ingkang pidalem ing ... (dedunung tiyang-sepuhipun panganten kakung).

Kula minangka sulih sarira saking Bapa ... (nama ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, sepisan, kula tampi taklimipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan garwa, tumunten badhe enggal kula aturaken Bapa ... (nama tiyang-sepuhipun panganten putri). Kosok wangsulipun, mugi panjenengan kersa ngaturaken taklimipun Bapa ... (nama tiyang-sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa katur Bapa ... (asma ingkang rama panganten kakung) sakalihan garwa.

Ingkang angka kalih, kula tampi kanthi suka-bingahing manah, anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, mangke tumunten badhe kapanggihaken miturut adat widhi widana ingkang sampun lumampah ing ngriki. Salajengipun, kula suwun panjenengan sapanggrubyuging panganten kakung kersa hangestreni miwah paring donga-pangestu mugi kaleksananing sedya binerkahan Gusti Ingkang Maha Agung sarta kinalisaken saking sedaya rubeda. Wondene paringipun tandha katresnan kula tampi lan badhe enggal kula caosaken Bapa ... (asma iingkang rama panganten putri) sakalihan, inggih ingkang hamengku gati. Mugi-mugi saestu saged nambahi raketing pasadherekan anggenipun mangun bebesanan.

Makaten menggah atur panampi kula, kiranging subasita miwah panataning basa, mugi diagung ing pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Itulah salah satu contoh rujukan pidato saat sambutan penerimaan pengantian laki-laki yang menggunakan bahasa jawa krama yang dipakai untuk acara pernikahan. (Artikel Warga-S.Anto)